Selasa, 16 Oktober 2018

Asal Mulane Aksara Jawa

Kompetensi Dasar :
1.3  Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks lisan dan tulisan berbahasa daerah yang memuat ungkapan tradisonal.


   Kasusastran Jawa iku pancen luwih sugih yen dibandhing kasusastran basa liyane. Ing sajroning kasusastran Jawa bisa ngerti lan uga migunakake ing bebrayan saben dinane, yaiku ana sing diarani paribasan, bebasan, sanepan, saloka, geguritan, cangkriman, parikan, purwakanthi, aksara Jawa, tembang, wangsalan, lan kawruh-kawruh liyane. 
   Tuladha aksara Jawa iki yen manut sejarahe ngemu surasa utawa filsafat sing luhur banget tumrap wong urip iku saka ngendi asale, terus arep ngendi parane sawise urip.

Ayo, disimak asal mulane aksara Jawa ngisor iki!


Asal-usul Aksara Jawa

   Prabu Ajisaka sawijining ratu utawa pangarsa ing tlatah Tanah Jawa kagungan abdi loro yaiku aran Dora lan Sembada. Nuju sawijining dina Prabu Ajisaka tindak lelana kang didherekake karo Sembada. Dene Dora didhawuhi tunggu kraton lan pusaka. 
   Sadurunge tindak Prabu Ajisaka paring piweling marang Dora lan Sembada menawa pusaka keris kuwi ora pareng diwenehake sapa wae, kajaba aku (Prabu Ajisaka).
   Udakara limang taun suwene anggone ngulandara, Prabu Ajisaka utusan Sembada supaya njupuk keris pusakane, amarga Dora eling marang dhawuhe Gustine. Wusana tunwuh pasulayan padha suduk-sudukan keris nganti kalorone sampyuh mati kabeh. Prabu Ajisaka ora sabar ngenteni Sembada abdine banjur nusul kondur menyang kedhaton. Saeba kagete Prabu Ajisaka drepi amirsani abdi salorone wis padha dadi bathang
   Prabu Ajisaka banjur kelingan marang dhawuhe dhewe duking uni. Kanggo pangeling eling prastawa kuwi Sang Prabu banjur nyerat sing unine:




   Dene aksara Jawa cacah rong puluh iku kaperang dadi patang klompok, lima-lima saben ikete. Aksara-aksara iku yen dionceki kanthi premati jebul ngemu makna sing luhur banget yaiku ana ing ngisor iki.

1. 
Tegese ana utusan, yaiku Gusti Allah wis nitahake utusan ing ngalam ndonya awujud manungsa, sato, lan liyane kanthi sajodho-sajodho, tegese ana lanang ana wadon, ana awan ana bengi, ana apik ana ala, lan sapiturute



2. 
Tegese ora bisa blenjani, kudu manut karepe titah sing dititahake dening Gusti Kang Maha Gesang iki wis ora bisa swala utawa bisa nglalekake apa sing dadi kewajibane marang Gusti Kang Maha Agung kanthi migunakake akal, pikir, lan atine. Manungsa ora bakal selak karo pepesthene Gusti.



3. 
Padha kuwate, tegese sifat ala lan becik, sifat Dora lan Sembada iku nduweni kekuatan sing padha, antara akal karo napsu duwe daya sing padha kari milih dalan endi sing kudu dipilih.



4. 
Tegese manungsa utawa titah iki ora bisa mbatang utawa nebak apa sing dadi kersaning Gusti. Ora bisa mbatang sangkan paraning dumadi. Kari sumangga anggone padha mbatang rahasiane Gusti Kang Murbeng Dumadi


Sumber: Pepak Kawruh Basa Jawa, ER. Firmansyah






Ayo Gladen!

1. Tuladhane kasusastran Jawa yaiku ... .

    Wangsulan : ..........................................................................................................................................

2. Aksara Jawa diserat dening ... .

    Wangsulan : ..........................................................................................................................................

3. Abdine Prabu Ajisaka paring asma ... lan ... .

    Wangsulan : ..........................................................................................................................................

4. Tegese Ha Na Ca Ra Ka yaiku ... .

    Wangsulan : ..........................................................................................................................................








Tidak ada komentar:

Aksi Nyata Menyebarkan pemahaman "Mengapa Kurikulum Perlu Berubah?"

"Mengapa Kurikulum Perlu Berubah?" Kurikulum adalah arah dan tujuan pendidikan yang diatur untuk merancang, melaksanakan, dan meng...