Selasa, 16 Oktober 2018

Tata Krama Basa Jawa

Kompetensi Dasar :
4.1 Melakukan dialog, bermain peran, bercerita dengan tatakrama


Basa Krama lan Basa Ngoko


Njlentrehake Tatakrama Sajrone Teks Pacelathon

Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, Basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Basa Ngoko kaperang dadi Ngoko Lugu lan Ngoko Alus, dene Basa Krama kaperang dadi Krama Lugu lan Krama Alus. Supaya luwih terang, gatekna andharan iki!


1. Basa Ngoko, kaperang dadi

a. Ngoko Lugu
Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil.

Ngoko lugu digunakake

(1) Kanca sing wis rumaket
(2) Wong tuwa marang bocah enom
(3) Pawongan kang lagi ngunandhika

Tuladha
Aku lagi wae mulih saka Jakarta
Kowe apa wis mangan?

b. Ngoko Alus
Yaiku basa Jawa sing ukurane kacampur antarane tembung ngoko lan krama.

Ngoko alus digunakake

(1) Kanca padha kanca kang wis akrab nanging luwih ngajeni
(2) lbu marang bapak
(3) Adhi marang kangmas utawa mbakyu
(4) Wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur

Tuladha:
Mas Ali sesuk dakaturi tindak Jakarta
Pak Bupati isih gerah


2. Basa Krama, kaperang dadi

a. Krama Lugu
Yaiku basa Jawa sing kedadean saka tembung krama.

Krama lugu digunakake:

(1) Wong kang durung akrab utawa durung kulin
(2) Wong sing huwih dhuwur drajate marang wong sing luwih tuwa

Tuladha
Pak Bayu ngertos panggenane Walanda

b. Krama Alus
Yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil

Krama alus digunakake:

(1) Marang wong kang diajeni banget
(2) Abdi marang bendara

Tuladha
Bapak Sunaryo taksih gerah




Ayo Gladen!

1. Miturut unggah-ungguh, Basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku ... lan ...

   Jawaban : ..........................................................................................................................................

2. Basa Ngoko kaperang dadi ... lan ...

    Jawaban : ..........................................................................................................................................

3. Basa Krama kaperang dadi ... lan ...

    Jawaban : ..........................................................................................................................................

4. Bapak Toni taksih sare. Yen didadekake basa ngoko lugu dadi... .

    Jawaban : ..........................................................................................................................................

5. Ibu ne mas Bambang wis turu. Yen didadekake basa krama alus dadi ... .

    Jawaban : ..........................................................................................................................................



Tidak ada komentar:

Aksi Nyata Menyebarkan pemahaman "Mengapa Kurikulum Perlu Berubah?"

"Mengapa Kurikulum Perlu Berubah?" Kurikulum adalah arah dan tujuan pendidikan yang diatur untuk merancang, melaksanakan, dan meng...