3.1 Mengenal, memahami, mengidentifikasi teks puisi modern dalam bentuk lisan dan tulis
Geguritan yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumatok. Bebas jumlah larik saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting isine mentes lan pantes.
NJLENTREHAKE ISINE GEGURITAN
Salah sijine cara kanggo mahami geguritan. yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani parafrase. Parafrase katindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraf, nanging tanpa ngowahi isine. Awit basa ing geguritan iku basa sing mentes. mula tembung-tembunge akeh sing diilangi utawa dikurangi. Ukara ing basa padinan, umume jangkep tetembungane. Mula, nalika nggawe parafrase, para siswa bisa nambah tembung ing geguritan supaya dadi ukara sing sampurna lan gampang dingerteni.
MACA GEGURITAN KANTHI POCAPAN SING TREP
Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi ati sing tenang. Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan luwih dhisik. Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine, anggone maca bakal ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe.dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar
Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggung utawa ngarepe wong akeh, yaiku:
1. Olah Swara (olah vokal)
Kedaling lesan (banter-lirihing swara, endhek-dhuwuring swara, menga-mingkeme lambe), tata pangaturing nafas, lan pamedhoting ukara kudu trep.
2. Patrap
Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo jiwane geguritan. Yen isine gegurotan iku sedhih, polatane sing maca kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane. Semono uga yen isine bab semangat polatane sing maca kudu katon teges, mandhes, makantar-kantar, lan merbawani.
1. Olah Swara (olah vokal)
Kedaling lesan (banter-lirihing swara, endhek-dhuwuring swara, menga-mingkeme lambe), tata pangaturing nafas, lan pamedhoting ukara kudu trep.
2. Patrap
Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo jiwane geguritan. Yen isine gegurotan iku sedhih, polatane sing maca kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane. Semono uga yen isine bab semangat polatane sing maca kudu katon teges, mandhes, makantar-kantar, lan merbawani.
3. Nyawiji
Antarane sing maca lan sing ngrungokake kudu nyawiji. Tegese, wiwit saka pamilihe geguritan, tata karma, nganti tata busanane sing maca kudu nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake. Semono uga sing nonton utawa ngrungokake kudu nyemak kanthi tenanan, supaya bisa methik manfaat saka nyemak geguritan.
Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone maca geguritan tambah "nges". Sarana bisa awujud microphone, panggung, gendhing, podhium lan sapanunggale.
Ayo gladhen maca geguritan! Amarga para siswa durung kulina maca geguritan, mula kanggo tuntunan becike geguritan sing arep diwaca diwenehi tandha andhegan (jeda) mandheg utawa mbacut anggone maca.
Tuladha:
kabeh / nunggu giliran ditabuh //
ora ana sing meri / drengki//
ora ana sing / cupet budine //
ora ana /sing rumangsa = dikuwalonake
Katrangan:
/ tegese mandheg sadhela
// tegese mandheg rada suwe
= tegese ana sesambungane karo larik ngisore (ora mandheg)
1 komentar:
Terima kasih sangat bermanfaat dan membantu
Posting Komentar